Pidato
Bahasa Jawa
Assalamualikum
Wr. Wb.
Ingkang
kula urmati Bapak ketua RW,Bapak ketua RT,Ibu – ibu PKK lan sedaya masyrakat
Namar.
Mangga
kita sedaya sesarengan ngunjukaken puja puji wonten ngarsanipun gusti ingkang
Maha Kuaos ingkang sampun maringi kanugrahan arupi keslametan lan kasarasan
katitik kita saget kempal wonten ing panggenan menika kanthi kebak ing
kawilujengan. Kula teng mriki bade ngandaraken babagan pengetan tanggap warsa
Negara kita Republik Indonesi ingkang kaping 69.
Wonten
ing adicara pengetan menika panitia ngawontenaken manika warni perlombaan,ing
antawisipun:
-
Lomba tarik tambang
-
Lomba kasti
-
Lomba balap karung
Dumateng
para warga masyarakat Namar kula haturi ndherek nyengkuyung saha ngregengaken
adicara pengetan kamardikan bangsa kita kanthi sami sareng – sareng ndherek
slah satunggalipun perlombaan ingkang dipun wonten aken.
Mekaten saha semanten ingkang saget kawula aturaken mugi –
mugi adicara menika kalampah kanthi sae saha pikantok ridhanipun Gusti Ingkang
Maha kuaos.
Kula nglenggana sedaya lepat atur kawula wiwit purwa madya
wusana pramila kula nyuwun agungin samudra pangaksami.
Wassalammualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar